Omah Rahat

Omah Rahat Ngademno awak ngademno ati

09/10/2023
Ayo podho seneng bungah kerono di tekdirke dadi wong Islam.Ingatase gur awak dewe kok di tekdirke dadi wong Islam, gelem...
22/07/2023

Ayo podho seneng bungah kerono di tekdirke dadi wong Islam.

Ingatase gur awak dewe kok di tekdirke dadi wong Islam, gelem ngaji lan nglakoni Islam iku keren.

Ayo golek barokah
09/06/2022

Ayo golek barokah

Sinau Karo Kahanan Lan KedadeanNderek bela sungkawa sesarengan Gubernur Jawa Barat Bapak Ridwan Kamil ingkang nembe nand...
07/06/2022

Sinau Karo Kahanan Lan Kedadean

Nderek bela sungkawa sesarengan Gubernur Jawa Barat Bapak Ridwan Kamil ingkang nembe nandang duhkita kanti musibah keremipun ingkang putra ing kali Aare Swiss.

Mugi kaparingan khusnul khatimah, dipun tampi sedaya amalipun, dipun ampunten sedaya kalepatanipun, dipun papanaken wonten panggenan ingkang sae lan kulowargo ingkang dipun tilar kaparingan sabar lan tabah.

Ngemutaken kita sedaya bilih gesang wonten alam dunya boten saklaminipun, saben kita bakal marak sowan dumateng ngarsa dalem Allah subhanahu wata'ala.

Ugi ngemutaken kalian pangandikan bilih "manungso iku amung sak dermo titah sawantah, mobah mosike gumatung mring kang nitahake”. Kita menungsa makhluk inkang lemah boten kuwaos nandingi takdiripun Allah Kang Maha Kuwaos.

Mila kuwajiban kita nindakaken punapa ingkang Allah syareataken, saklajengipun pasrah berserah diri kalian punapa ingkang Allah Subhanahu wata'ala tetepaken.

Sesarengan kalian kabar duhkita puniko, kita mireng kabar bilih Swiss puniko kalebet papan ingkang kathah dipun kunjungi para wisatawan, kalinipun ingkang bening/jernih, pemandangan alam ingkang sarwo endah.

Kados makaten kaendahan satunggaling papan ing alam dunya, lajeng kados pundi kawontenan lan kaendahan taman-taman suwargo ingkang Allah Subhanahu wa taala siapaken kangge tiang-tiang ingkang kagungan iman lan takwa.

Wonten satunggaling pangandikan Rasulullah shalallahu alaihi wasalam nyebataken bilih kawontenan taman-taman suwargo puniko kaendahanipun dereng nate kapirsani netra, dereng nate kapireng, dereng nate kapenggalih dening manah. Satunggaling bebasan bilih kawontenan lan kaendahan taman suwargo puniko boten saget dipun bayangaken.

Ngalir kali-kali sakngandapipun, wonten kali arupo susu, kali khamer ingkang boten mabukaken, kali arupo madu ingkang murni lan sedaya macem woh-wohan ingkang gampil dipun petik.

Mugi kita kalebet tiang-tiang ingkang kaparingan taufiq saking ngarsa dalem Allah subhanahu wata'ala, dipun tetepaken ing dalem iman lan islam, tansah takwa lan istiqomah ngantos akhir hayat.

AYO PODHO DILESTAREKNONate krungu crito soko poro ilmuan, babagan kewan kang wis podho punah.Kekayaan alam arupo tetanem...
04/06/2022

AYO PODHO DILESTAREKNO

Nate krungu crito soko poro ilmuan, babagan kewan kang wis podho punah.
Kekayaan alam arupo tetaneman lan poro kewan kalebu karunia Allah ta’ala kanggo poro menungso kang kudu dilestarekno, mongko mumpung isih ono ayo podho dijogo, ojo podho diburu kanti ditembaki utowo dijaring. Utowo ngrusak lingkungan kanti bebuwang sampah ing sakparan-paran.

Opo siro pingin crito marang putro wayah; “Le… Ndhuk… ono deso kene biyen pernah ono manuk deruk, tilang, pentet lan liya-liyane, nanging iku biyen ….”

Opo maneh papan kang nedheng-nedhenge dipromosekake kanggo wisata, kekayaan alam kang arupo manuk kewan tetaneman lan pemandangan alam kudu dijogo bareng-bareng, becik iku dening warga mukim utowo wisatawan kang podho teko.

Awak dhewe kabeh pinongko umate Allah ta’ala kang kagungan sifat Rahman lan Rahim, kudu iso paring rahmat lan kasih sayang marang lingkungan. Ora becik ngrusak alam sekitar becik kewan utawa tetaneman mung karono golek kasenengan kang sedelo.

Soko Abu Hurairah raḍiyallāhu ‘anhu, Rasulullah shalallahu alaihi nate crito: sakwijining dino ono wong-wongan kang mlaku ono sakwijing dalan lan ngrasakake ngelak, dheweke nemokake sumur banjur mudun kanggo ngombe. Rikolo metu soko sumur, dheweke nemokake Asu kang melet ndilati lemah karono ngelak. Wong-wongan iku ngucap: “Asu iku ngrasakake ngelak koyo kang tak rasakno”, dheweke medun ing sumur nyiduk banyu nganggo sepatune, digowo munggah nganggo tutuke banjur diombekake marang Asu iku. Allah ta’ala atur panuwun marang dheweke banjur paring pangapuro kalawan dosane. Poro shahabat podho takon: Duh Rasulullah, punopo kito pikantuk ganjaran rikolo tumindak becik marang kewan?. Ngendiko Rasulullah shalallahu alaihi wasalam: Yo, saben tumindak becik marang makhluk kang urip bakal nekakake ganjaran/pahala.

Anak shalih lan shalihah pinongko investasi jangka panjang, mumpangati kanggo wong tuwane becik rikolo sugeng utowo sak ...
28/05/2022

Anak shalih lan shalihah pinongko investasi jangka panjang,
mumpangati kanggo wong tuwane becik rikolo sugeng utowo sak bubare ninggal

Address

Jl. Boyolali-Magelang Km. 20

57363

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Omah Rahat posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Shortcuts

  • Address
  • Telephone
  • Alerts
  • Claim ownership or report listing
  • Want your business to be the top-listed Media Company?

Share